Java Corner

GEGURITAN



Kedhung Atiku
                                                                Karipta dening Eny MS
Ing njero atiku ana mbulan
Endah, rinengga mega putih arak-arakan
Yen sliramu pengin nglukis ing kanvasmu
Sawangen kang permati nganggo atimu

Ing njero atiku ana srengenge
Sing tansah amadhangi lakuku saben dinane
Yen sliramu ngersakake cahyane
Jupuken nganggo tuluse asihmu ora mung gawe-gawe

Ing njero atiku uga ana kedhung
Papan nganggo kungkum yen piker lagi bingung
Yagene ngerti-ngerti ana ati sing kecemplung …?



Kembang

Kembang….
Yen nedheng mekar
Mbabar ganda ngambar-ambar,
Akeh bremana mara,
Ngisep sarining sekar,
Saka pletheking surya
Nganti suruping surya

Kembang
Yen lagya mekar,
Mbabar rupa mancawarna,
Abang, kuning, biru, jingga
Karya reseping nala.

Eman, kang mengkono mung sakedhep netra,
Nuli…alum,
Wusana rontog tiba lemah.
Nanging alum lan rontoging kembang,
Dudu prakara muspra,
Alum lan rontog dadi wektu cecawis,
Dumadining woh lan wiji.

Wiji tinandur kapendhem lemah,
Tuwuh tuwuhan anyar,
Tuwuhan anyar kembang maneh,
Alum lan rontog maneh.

Iki laku jantraning urip,
Nyakra manggilingan
Aku uga duwe jejibahan kadya kembang
Mbabar warna endah edipeni,
Ganda arum amrih wangi
Tindak tandukku becik
Karyenak tyasing sasami,
Mundhi dhawuh Dalem Gusti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar